Jumat, 10 Februari 2012

Mbenakake Pralon

Senin sore, Resa ning ngomah dewe'an. Bapak'e ngarit ning sawah,ibu'e ning omahe budene. Resa Pramudya putrine Bapak Fajar Sidiq pancen bedo karo bocah wadon liyane,ambo'o bocah wadon nanging kancane akehe bocah lanang,seko dolanan,muleh sekolah,lan kegiatane ning ngomah liyane kabeh karo cah lanang. Bahasa gaule ''Bocah Tomboy". Bocah wadon nanging sifate koyo bocah lanang.


Sore kuwi mau Resa arep adus,seko ngomahe kancane garap PR. Nyaut anduk, Resa langsung mlebu kamar mandi. Badalah .... banyune entek ! Resa langsung metu seko kamar mandi,banjur ngurepke banyu. Ceklik ... saklar banyune wes urep. Kricik,kricik.kricik .... suara banyu nibo ning lemah.

"Lho ... kok banyune ora mlebu toren (wadah banyu)," pikire Resa. Langsung saklar banyune dipateni meneh karo Resa. Lawang omahe dibukak ..... cengiiiiikkk suarane.
Resa langsung ngematke toren ning wetan omahe. Dimatke karo Resa "keto'e eneng  sing salah",pikire Resa. Ndang dimatke Resa. wusheeett .... sambungane pralon pedot. Resa langsung ngetokake kursi. Tekan ngisor toren, kusi kuwi mau di selehke Resa. "Walah ... lha mung podo wae, kkursine ora ngganduk tekan nduwur",suarane Resa,omong dewe. Resa isih mikir carane iso memek ning toren.
"Nha ... ketemu aku caran supaya iso menek toren". Resa omong dewe. Resa langsung masang ondho dinggo munggah toren. Iyoth,iyoth,iyoth ... ondhone obah dewe mergane rodo' reot. Karo ati-ati Resa menek nganggo ondho. Karo menek Resa mikir "ojo-ojo iki ngko iso munggah geg ora iso mudun". Grimang-griming Resa menek nganggo ondho. Ndang uwes tekan nduwur Resa langsung mbenakake pralon. Ubek ora dadi-dadi. Ndang uwes dadiResa langsung mudun karo grimang-griming wedi ndak tibo.
Resa uwes tekan ngisor,langsung mlebu ngurepke saklar meneh. Kricik,kricik,kricik .... iseh eneng suara banyu sing tibo ning lemah. Baleni meneh Resa mateni saklar. Dimatke saluran pralon seko sumur tekan toren. Owalah ... pralone sing nduwur sumur sambungane pedhot. Resa ngotong-ngotong kursi neh diselehke anding sumur. Langsung di panciki kursine kuwi mau. Ealah ...... tangane Resa ora ngganduk. Terpaksa Resandadak manciki lambe sumur. Kro ati-ati Resa mbenakake pralon lan sikile mancik lambe sumur. Wedine ngko ndak njegur sumur ora eneng sing nulungi. Yo maklum, Resa mung nang ngomah dewe. Ndang uwes rampung mbenakake pralon sing ning anding sumur, Resa langsung mudun. Lingguh. Sikile Resa nggregeli ........
Urung sido ngurepke banyu,sikile Resa ora iso mandekg le nggregeli ngasi bapak lan ibu'e mantuk.

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Web Hosting Bluehost