Senin, 21 Mei 2012

Dhemam Korea

Bu Narti bingung marang anake si Sani amarga njluk dhuwit telung atus ewu kanggo ngecat rambut uga tuku klambi. Sani anggone ngwangsuli Ibune kang lagi bingung mung ngomong dheweke lagi dhemam Korea. Sansaya abot Bu Narti anggone mikir amarga ora ngerti apa kui dhemam Korea, ing jroning ati Bu Narti apa si Sani lar. Bu Narti mlayu marani Sani banjur ndemok bathuke Sani.

"Kowe lara San ?" takoke Bu Narti.
"Mboten kok Bu," jawabe Sani.
"O... ya wis tak kirane lara," takoke Bu Narti maneh banjur ninggal si Sani.

Esuke Sani marani Ibune arep njaluk dhuwit.
"Bu.. nyuwun artane," jaluke Sani.
"Kanggo apa ta ?," takone Bu Narti.
"Nonton boyband Bu," jawabe Sani.

Bu Narti ora ngenei dhuwit marang anake amarga arep menyang Jakarta anggone nonton boyband. Sani nesu banjur lunga saka ngomah, nanging Bu Marti ora nggubris.
Wus sedina Sani lunga saka ngomah. Sabanjur iku Bu Narti telefon Pak Arman supaya mulih uga ngewangi nggoleki Sani.

"Pak, Sani lunga saka ngomah amarga ora tak wenei dhuwit kanggo nonton boyband," omonge Bu Narti.
"Ya mengo sore dak mulih Bu,aku ya arep nggoleki Sani," jawabe Pak Arman.
"Ya wis Pak tak tunggu," akone Bu Narti.
"Ya Bu," jawabe Pak Arman. 

Sawise ketemu Sani di takoni marang Ibuuga Bapake.
Kowe ki ngapa San kok ndadak lunga saka ngomah ?," takone Pak Arman sabar.
"Aku ki dhemam Korea Pak, aku nyuwun arta marang Ibu mboten di paringi kok," jawabe Sani.
 "Ibu kepengin kowe jenak nang ngomah, Ibu ora tegel yan kowe menyang Jakarta San," sambere Bu Narti.
"Boyband Korea lagi nge-trend Bu," saure Sani.
"Nge-trend ya ora usah mamgkono San, lewat internet rak ya kena ta?," tuture Pak Arman.
"Nggih Pak,aku manuuuutt," jawabe Sani.
"Sesuk ora sah di baleni ya, kowe ki oleh nonton ning mung Bapak karo Ibu sing ora tega dadine ya ndak larang." akone Bu Narti.
"Nggih Bu, Sani manut" sambere Sani.
Sawise kedadean iku, Sani sing ngeyel ora dadi ngeyel maneh uga manut marang Bapak Ibune.

0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Web Hosting Bluehost